Pitutur Kanjeng Rama Bocah Bagus Anakku Lanang Ojo Wedi,… Golék-o Pepadhangé Dalan Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang Duh Bocah Bagus Anakku Lanang Wong Tuwamu Dudu Raja Sing Dak Wariské Dudu Bandha Donya Sangumu Mung Isi Pitutur Muga Dadi Titah Kang Luhur Anak Lanang Bagusing Ati Ojo Lali Anggonmu Memuji Marang Gusti Kang Murbéng Dumadi Mugo Dadi Padhangé Ati Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo Urip Ing Kono Koyo Samudro Mulo Nggér…., Ojo Wegah Podho Tetanén Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén Bocah Bagus Anakku Lanang Ojo Nganti Ninggal Piwulang Mumpung Jembar Golék-o Pepadhang Ojo Jirih Ing Pepalang Sejatiné Ora Ono Opo-Opo….. Sejatiné Jagad awujud Suwung Ora Warno Lan Ora Rupo Sing Ono Mung Awang-Uwung Akéhing Bandha Dudu Ukuran Drajat Lan Pangkat Dudu Takeran Lan Pepujané Rasa Dudu Anak Pagering Jiwo Dudu Sanak Wong Tuwamu Dudu Dewo Ora Wenang Nulis Garisé Manungso Sangumu Mung Isi Pitutur Mugo Dadi Titah Kang Luhur
Bocah Bagus Anakku Lanang
Ojo Wedi,… Golék-o Pepadhangé Dalan
Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang
Duh Bocah Bagus Anakku Lanang
Wong Tuwamu Dudu Raja
Sing Dak Wariské Dudu Bandha Donya
Sangumu Mung Isi Pitutur
Muga Dadi Titah Kang Luhur
Anak Lanang Bagusing Ati
Ojo Lali Anggonmu Memuji
Marang Gusti Kang Murbéng Dumadi
Mugo Dadi Padhangé Ati
Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo
Urip Ing Kono Koyo Samudro
Mulo Nggér…., Ojo Wegah Podho Tetanén
Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén
Ojo Nganti Ninggal Piwulang
Mumpung Jembar Golék-o Pepadhang
Ojo Jirih Ing Pepalang
Sejatiné Ora Ono Opo-Opo…..
Sejatiné Jagad awujud Suwung
Ora Warno Lan Ora Rupo
Sing Ono Mung Awang-Uwung
Akéhing Bandha Dudu Ukuran
Drajat Lan Pangkat Dudu Takeran
Lan Pepujané Rasa Dudu Anak
Pagering Jiwo Dudu Sanak
Wong Tuwamu Dudu Dewo
Ora Wenang Nulis Garisé Manungso
Mugo Dadi Titah Kang Luhur
Lorem ipsum dolor sit amet, nisl elit viverra sollicitudin phasellus eros, vitae a mollis. Congue sociis amet, fermentum lacinia sed, orci auctor in vitae amet enim. Ridiculus nullam proin vehicula nulla euismod id. Ac est facilisis eget, ligula lacinia, vitae sed lorem nunc.
0 komentar:
Posting Komentar